MATERI JAWA TINGKEBAN
TINGKEBAN
Ing
tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki
isih dilakoni nang sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka
tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) +
’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang
dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep
arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah
pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku
siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing
dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel
lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan
nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana
ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi
mujudake penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu
adat istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok
sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala
kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni
ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo
nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa
(Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing
wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing
pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan
nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula
upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba
kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas
asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane mitoni/tingkeb sing
dilakoni masyarakat jawa.
A. ASAL-MUASAL
“TINGKEBAN”
Miturut
carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen
mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb,
ya iku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau
mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong
loro mau ngadep lan matur kahanane marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya
menehi pitutur sing kudu dilakoni, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu
nglakoni pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu
sregep manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba
iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing
dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake sesajen
arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse
nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng
Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu
umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual
kaya dene sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng
pitung wulan, lan kanthi pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias
slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh ritual iku diarani
“Tingkeban”.
B. UBORAMPE KANGGO
TINGKEPAN
Ana
telung tradisi sing dilakoni wektu meteng, yaiku
Neloni, Tingkeban utawa Rujakan lan Procotan nanging sing
wis kulina dilakoni among tingkeban.
Adoh sadurunge meteng ngidak wektu pitung
wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan jawa.
Miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang nduweni neptu genep.
No
|
Jeneng Dina
|
Neptu
|
No
|
Jeneng Pasaran
|
Neptu
|
1
|
Ahad
|
5
|
1
|
Legi
|
5
|
2
|
Senin
|
4
|
2
|
Paing
|
9
|
3
|
Selasa
|
3
|
3
|
Pon
|
7
|
4
|
Rabu
|
7
|
4
|
Wage
|
4
|
5
|
Kamis
|
8
|
5
|
Kliwon
|
8
|
6
|
Jum’at
|
6
|
|||
7
|
Sabtu
|
9
|
Saliyane
nemtokake dina, uborampe uga kudu disiapake. Dene uborampene ya iku.
No
|
Jeneng Ritual
|
Wektu
|
Piranti
|
|
1
|
Neloni
|
Meteng wulan kaping telu
|
Takir plontang 4 buah
|
|
Golong 7 buah
|
||||
Jajan pasar
|
||||
Jenang abang
|
||||
Jenang putih
|
||||
Jenang kuning
|
||||
Jenang ireng
|
||||
Jenang sengkolo
|
||||
2
|
Tingkeban
|
Meteng wulan kaping pitu
|
Woh-wohan
|
|
Punar 2 buah
|
||||
Kembang setaman
|
||||
Sesaji dakripin(Suro ganep)
|
||||
Daun dadap serep
|
||||
Daun beringin
|
||||
Daun andong
|
||||
Janur
|
||||
Mayang
|
||||
Jenang abang
|
||||
Jenang putih
|
||||
Jenang kuning
|
||||
Jenang ireng
|
||||
Jenang waras
|
||||
Jenang sengkolo
|
||||
3
|
Procotan
|
Meteng wulan kaping wolu
|
Jenang abang
|
|
Jenang putih
|
||||
Jenang kuning
|
||||
Jenang ireng
|
||||
Jenang waras
|
||||
Jenang sengkolo
|
||||
Jenang inthil-inthil
|
||||
Jenang sewu (dawet)
|
||||
Jenang sempuro
|
||||
Jenang kembo
|
||||
Jenang procot
|
||||
Jenang arang-arang kambang
|
||||
Ketupat lepet
|
C. URUTANING UPACARA
MITONI
1. Siraman utawa adus kanggo simbol
upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki
tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon
ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar.
Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota
keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang
njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur
weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi)
kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa
ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi
Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan
ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo
jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang
arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi
uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel lilitan janur/lawe
kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong
klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang
jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang
digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan,
ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa
disurung.
8. Upacara nyolong endhog,
nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling
kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk
endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara
kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda
donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali
wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.
KESIMPULAN
Tingkeban
dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu
lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan. Tradisional Jawa tradisi
pitung sasi ( tingkeban / mitoni ) yaiku bagean saka karakter Jawa sing wis
teges filsafat ing urip. Tradisi campuran Hindu Wedjangan , malah Jawa Islam
minangka agama utama dening mayoritas Jawa Sidomulyo desa. Nanging, minangka
asil saka penulis sinau, tradisi iki selaras karo nilai sing mulang ing agama
Islam, kang panjalukan Allah. supaya tumindak safety lan begja liwat sakti (
penjernihan proses ) saka macem-macem rereget lan reregetan dosa sing wis
rampung.
Komentar
Posting Komentar