MATERI JAWA GEGURITAN
Materi Geguritan :
A. Geguritan yaiku puisi jawa gagrag
anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, nanging ngugemi anane rasa
kaendahan.
-
Guru gatra yaiku: cacahing
gatra (baris) saben sapada (bait).
-
Guru wilangan yaiku:
akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa gatra (baris).
-
Guru lagu yaiku: aksara urip (vokal) ing pungkasan gatra
(baris).
B.
Endahing geguritan dumunung ing:
1. Pilihane tetembungan sing mentes,
trep, lan mantesi, mula akeh migunakake tembung-tembung kang ngemu surasa ora
salugune (tembung entar/basa kias).
2. Nggunakake wirama utawa lagu.
3. Busanane basa kang maneka warna.
C.
Kanggo bisa nulis geguritan bab-bab kang kudu digatekake:
1. Temtokake sawijine objek kang
banget narik kawigaten.
2. wiwitana nyritakake objek mau
kanthi basa kang lugu sing kokkuwasani.
3. Tansah eling manawa geguritan iku
irit ing babagan tembung mula aja ngobral tembung. Gunakna tembung-tembung kang
mentes lan mantesi.
4. Wacanen bola-bali tembung-tembung
kang wis kokrakit, yen ana sing kurang trep bisa diganti utawa ditambahi.
5. kanggo miwiti nulis, panulis kudu
duwe kuwanen kanggo nulis, aja wedi-wedi. Nulis ora kudu adhedhasar “inspirasi” kang teka/ana. Yen wis
biyasa nulis, weruh apa wae kang narik kawigaten otomatis bisa kawedharake ing
geguritan.
6. Kudu duwe krenteg terus nulis.
Prekara apik lan orane tulisan aja dipikir dhisik. Gunakna prinsip “sing penting nulis”. Keterampilan nulis
iku sawijine “proses” saya asring
dilakoni saya apik asile.
7. Tansah tuwuhna rasa seneng/minat
kanggo nulis geguritan, jalaran gedhene minat ndadekake saya pekane rasa
pengrasane yen meruhi sawijine kahanan.
D. Geguritan kaperang dadi loro,
nyaiku: geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi Jawa modern).
Ø Tititakane
geguritan gagrag lawas yaiku : diwiwiti kanthi ukara sun gegurit, lumrahe
sapadane dumadi saka patang gatra, guru lagu (rima/pola persajakan) pinathok.
Ø Titikane
geguritan gagrag anyar yaiku: ora kaiket kaya ta geguritan gagrag lawas, lumrahe
nggunakake basa rinengga supaya katon endah menawa diwaca lan dirasakake.
Wondene wangune geguritan gumantung saka kreativitas
panggurit.
E. Struktur Teks Geguritan, kaperang dadi loro, yaiku:
1. Struktur fisik
a. Tipografi (Bentuke geguritan)
yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu
kawiwiti aksara gedhe, sarta ora dipungkasi tandha titik/tandha pawacan liyane.
b. Diksi (pilihane tembung)
yaiku pamilihane tetembungan kang maknane mentes (padat), kang bisa
negesi pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.
c. Imaji (Pengungkapan Pengalaman Indrawi)
yaiku rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman
indrawi, kayata: paningal, pangrungon, lan pangrasa. Saengga pamaos bisa kagawa
ing swasana kaya kang dialami panggurit.
Imaji kaperang dadi 3, yaitu:
1.
Imaji swara
(auditif)
2.
Imaji paningal
(visual)
3.
Imaji
raba/sentuh (taktil)
d. tembung konkret
yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa
nuwuhake imaji, tembung kongkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) utawa
pralambang.
Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus,
endahing swasana esuk, lsp.
e. busananing basa (gaya bahasa)
yaiku panggonane basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake
anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan. Busanane basa
ing geguritan bisa arupa basa rinengga kang maneka warna.
f. wirama (rima)
yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan,
tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik).
2. Struktur Batin
a. tema/makna (sense)
yaiku kekarepan utawa maksud tartamu kang kinandhut ing saben
tembung, gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan.
b. rasa (feeling)
yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis.
Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung rapete karo
blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis
kelamin, kelas sosial, jabatan/kedudukan ing masyarakat; umur, pengalaman sosiologis lan psikologis,
lan kawruh (pengetahuan) panggurit. Kekarepan isining geguritan jeroning makna
kang bisa didungkap ing geguritan kasebut bisa gumantung saka latar belakang panggurit.
c. nada (Tone)
yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine
geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama, ngudhari prakara
(mecahake masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, lsp.
d. amanat
yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit
marang pamaos.
Tuladha geguritan :
Salam Kangen
Dening : Ary Suharno
Salam
kangenku Indonesia
Saka
generasi kang lagi sedhih ing ati
Nyawang
ombyaking demokrasi
Nanging
saya dadi ati
Nyawang
lakon jaman kang tansaya surem
Salam
kangenku Indonesia
Salam
kangen jaman padhang
Gemah
ripah anteng tata tentrem kaya nguni caritane
Majapahit
kang nedheng kencana rukmi
Mataram
kang kebyar-kebyar padhang
Dhuh sumitra sesulihing bangsa
Ing gedhong magrong-magrong senayan
iku
Daklabuh angen-angen lan impenku
Tumuju segering angin anyep kaya
salju
Orang mung pamer untu, geger apadene
tukar padu
Rengkuhen kanthi nyawiji tulusing
ati pertiwi iki
Aja mung karep korupsi apadene
nguber jejering partai
Ngageda sing jejeg
Rengkuhen sing keket
Bumi pertiwi iki supaya angambar
aruming melathi
Sumebaring mawar endah mekar
Salam
kangen sumitra sesulihing bangsa
Ayo
padha sesalam tumuju rantak-rantak padhang
Salam
kangen Indonesiaku
Ayo
lumaku tumuju dhampar dhenta kencana rukmi!!!
(Guritan
terbaik terpilih 1 festival Geguritan Budi Pekerti Tk. Propinsi Jatim 18 Maret
2010).
Centhangan
:
-
Gemah ripah = subur makmur
-
Nguni = biyen
-
Nedheng = lagi
-
Kencana rukmi = jaman keemasan
-
Rengkuhen = openana, kekeben
-
Keket = rasa
-
Angambar = ngetokake ganda (ambu)
-
Aruming = wangine
-
Sesulihing bangsa = gantine bangsa, wakile bangsa
-
Dhampar dhenta = kursi keprabon, kursi kanggo ratu
Unsur-unsure Intrinsik :
1. Isine
guritan :
Guritan mujudake salah sijine wujud
kasustraan jawa. Ing guritan mensthi ana isi kang disokake pangriptane guritan
iku. Isine guritan arang banget kang dicethakake, nanging sarana sinandi ing
tembung-tembung. Kanggo nggoleki isine guritan, kita ora mung cukup maca
sepisan wae, nanging kudu bola-bali lan ngerti tegese tembung kanthi premati.
Kaya guritan kasebut ana dhuwur iku, isine
bisa dicethakake kaya mangkene:
Salah
sijine warga negara protes marang kahanan, geneya kahanane negara saiki dadi
ora tata. Akeh korupsi, kemerosotan moral, rusak tatanan ekonomine. Warga
negara mau cita-citane naga nagara wis diwakilake marang wakil rakyat sing ana
gedhong DPR senayan. Nanging wakil rakyat mau wis ora kena dipercaya, amarga
mung mikirake awake dhewe karo partaine, dudu bangsa lan negara. Warga negara
mau protes, kepinging nagarane tata ayem tentrem cukup kang sarwa sinandhang
cukup kang sarwa dipangan.
2. Tema
guritan
Tema guritan iku bab-bab kang ndadekake
guritan iku lair. Kaya guritan kasebut ana dhuwur iku, cetha yen ngandhakake
bab moral. Amarga pengarange guritan mau meruhi kahanan politik sarta nagara
kang ora tata, banjur nulis guritan kang mangkono iku. Dadi, ing guritan mawa
irahan “Salam Kangen” kasebut mawa tema moral “Budi Pekerti”.
3. Amanat
guritan
Nulis guritan, mesthi duwe karep
menehi pitutur, piwulang utawa ngandharake pesen saka pangriptane guritan mau
marang kang maca. Amanat ing guritan kadhang cetha ngegla ing guritan (wis
cetha wujud ukara) nanging kadhang uga ana kang sinandi (tersirat).
Ing guritan “Salam Kangen” kasebut
manawa kita tarik amanate yaiku: “Para
wakil rakyat kudu mikirake butuhe bangsa lan negara kanggo saya moncering
negara”.
4. Nyritakake
isine guritan
Isine guritan bisa kita critakake
marang liyan kanthi ngerteni maknane guritan mau. Yen tema, isi lan amanate wis
bisa ditemokake bab nyritakake isine guritan iku gampang wae. Dadi wose, sauger
wis bisa ngerteni isine guritan, kanggo nyritakake bakal luwih gampang. Carane
lan isine crita ing geguritan mau padha utawa meh padha karo nggoleki lan
nemokake isine guritan.
Tuladha
nyritakake isine geguritan kaya katulis ana ngisor iki:
Sawijining
pawongan, bangsa Indonesia, kangen banget karo kahanane negara kang ayem
tentrem lan subur makmur tanpa ana gangguan keamanan. Pawongan mau kepingin
nagara indonesia kahanane bali kaya dhek jaman Mataram utawa Majapahit kang
kondhang kaloka tansah sinuyudan dening bangsane apadene nagara liya.
Pepenginane pawongan kasebut dititipake marang para wakil rakyat ana gedhung
DPR senayan. Nanging pawongan mau malah cuwa atine bareng ngerti yen para wakil
rakyat mung tansah gegeran lan ngopeni butuhe dhewe sarta butuhe partaine
kanthi cara-cara korupsi lan cara-cara liyane sing nerak angger-angger.
Pawongan iku nyaruwe wakil rakyat supaya ngopeni bangsane supaya bangsa lan
nagara iki bali kuncara, apik, luhur kaya dhek jaman biyen nalikane jaman
Mataram sarta Majapahit.
Komentar
Posting Komentar