MATERI JAWA GEGURITAN
Materi Geguritan : A. Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, nanging ngugemi anane rasa kaendahan. - Guru gatra yaiku: cacahing gatra (baris) saben sapada (bait). - Guru wilangan yaiku: akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa gatra (baris). - Guru lagu yaiku: aksara urip (vokal) ing pungkasan gatra (baris). B. Endahing geguritan dumunung ing: 1. Pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi, mula akeh migunakake tembung-tembung kang ngemu surasa ora salugune (tembung entar/basa kias). 2. Nggunakake wirama utawa lagu. 3. Busanane basa kang maneka warna. C. Kanggo bisa nulis geguritan bab-bab kang kudu digatekake: 1. Temtokake sawijine objek kang banget narik kawigaten. 2. wiwitana nyritakake objek mau kanth...