TINGKEBAN Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih dilakoni nang sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nudu...
Komentar
Posting Komentar